Assalamu'alikum Wr. Wb.
Ingakng kinurmatan dumateng Bapak Drs. Juri, M.Ag kepala Sekolah M
Ts Walisongo Kayen ingkang kawula hormati, dumateng Bapak/ Ibu guru, staff karyawan/karyawati ingkang kawula hormati, mboten kesupan dumateng hadirin sekalian ingkang kawula hormati ugi.
Sakderengipun
mangga sareng-sareng kita kanthi ngucapaken raos syukur alhamdulillah dumateng
ngersanipun Allah SWT katitik ngatos ing punika wekdal kula lan panjenengan sami
pinaringan rahmat lan hidayahipun sehingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi
muhammad SAW punika kita sedaya saged angkrawuhi lan makempal wonten mriki
mboten wonten halangan satunggal punapa.
Sholawat
saha salam mangga kita aturaken dumateng Nabi Muhammad SAW ingknga kita
tenga-tenga syofa’atipun mbenjang ing yaumul kiamah Amiin…. Amiin….. Ya rabbal
Alamin.
Hadirin
ingakng kawula hormati,
Kangge
mengeti dinten kelahirane Nabi Muhammad SAW tanggal 12 Rabiul awal utawi sering
dipun sebat Maulid Nabi. Wonten ing tanggal punika awing ing tahun madharan
ibunipun, ingkang asma Siti Aminah, bapakipun sampun seda, sahengga Muhammad
lahirpunika kawantinanipun yatim. Saksampunipun yuswa 40th,
piyambake kalih Gusti Allah SWT dipun angkat dados Nabi.
Para
pilenggah sedaya ingkang luhur ing budi,
Ajaran
Islam ingkang dipun tampi Nabi Muhammad SAW, saged ngrembaka dhumateng umat sak
ndonya kanthi pangorbanan ingkang ageng sanget, dening Nabi Muhammad ngantos
dinten punika ajaran taksih dipun percados tiyang-tiyang anom, sepuh, lare
ageng –alit lan para kawula mudha. Pengetan Maulid Nabi ngeten punika saged
nambah iman kita sedaya sahingga kita tansaya tresna marang Nabi Muhammad saw.
Lan saya ajrih dhumateng gusti Allah SWT. Kanthi ngalaksanaaken sedaya
perintahipun lan nebih sedaya awisanipun. Kegiatan agami dhateng sekolahan kita
ingkang kita para kawula mudha inggih punika, rikala wulan suci ramadhan dipun
wontenaken sholat tarawih lan buka siam sesarengan
Para
pilenggah ingkang rahimakumullah
Mekaten
kalawau ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun
anggen kawula matur, nyuwun pangapunten sak kathah-kathahipun. Akhirulkalam
wabillahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
0 comments:
Post a Comment